PERINGATAN HUT KE-258 KOTA JOGJA WALIKOTA AKAN MEMBACAKAN SAMBUTAN DALAM BAHASA JAWA

Hari Ulang Tahun Kota Yogyakarta akan diperingati karyawan Pemerintah Kota Yogyakarta di Halaman Balaikota Yogyakarta, besok 07 Oktober 2014. Rencananya Walikota Yogyakarta akan memberikan sambutan dalam bahasa Jawa dalam upacara peringatan HUT Kota ke - 258 ini.   Semua karyawan dan pegawai di lingkungan Pemkot Yogyakarta akan mengenakan busana adat Jawa selama jam kerja. Diharapkan, semua karyawan  kantor swasta, pemerintah, Sekolah, dan Institusi lain serta semua warga masyarakat Kota Yogyakarta  juga mengenakan pakaian Jawa, sebagai wujud apresiasi terhadap Hari Jadi Kota Yogyakarta.

Berikut ini petikan sambutan Walikota Yogyakarta dalam bahasa Jawa:

SAMBUTAN PADA UPACARA PERINGATAN HUT KE-258 KOTA YOGYAKARTA

Tanggal, 7 Oktober 2014

 

Assalamu’alaikum Wr.Wb

Salam salam bagya mulya tumrap kita sedaya.

Warga masyarakat Kitha Ngayogyakarta ingkang minulya.

Puji syukur kita konjukaken dhumateng Allah SWT awit saking kuwaos-Ipun, dinten menika, 7 (pitu) Oktober 2014 (kalih ewu sekawan welas) kita sesarengan mengeti 258 (kalih atus seket wolu) warsa madegipun Kitha Ngayogyakarta. Pengetan dinten madegipun Kitha Ngayogyakarta menika wigatos saha kedah dipunenget-enget dening sedaya warga masyarakat amargi ngandhut biji sujarah ngrembakanipun bangsa saha negari Indonesia. Dumugi ing titi wanci menika, Kitha Ngayogyakarta tansah dados perangan ingkang wigatos saking sedaya upaya pambangunan Indonesia.

Kitha Ngayogyakarta madeg minangka wujud istiqomah-ipun Pangeran Mangkubumi kangge nampik kawicaksanan Walandi ingkang saestu damel tuninipun rakyat. Dinten Kemis Paing tanggal 13 (tiga welas) Sura, Jimakir, warsa Jawi 1682 (sewu enem atus wolung dasa kalih) utawi 7 (pitu) Oktober 1756 (sewu pitung atus seket enem) nalika Pangeran Mangkubumi - ingkang ing tundhonipun jejuluk Sri Sultan Hamengkubuwono I (kaping setunggal) -, tindak boyongan saking pasanggrahan Ambarketawang tindak lumebet Kraton. Kadadosan menika ingkang salajengipun dipundadosaken dhasar nemtokaken ambal warsanipun Kitha Ngayogyakarta.

Salajengipun, pamilihan nama Ngayogyakarta ingkang asalipun saking tembung ayodya ingkang tegesipun boten wonten paprangan ingkang ugi kawastanan bedhamen. Bab menika dipun-gandhengaken kaliyan kasilipun prajanjen Giyanti ingkang kasil ngirangi pradondi ing salebeting pamerangipun kraton Mataram. Kejawi saking menika, tembung Ngayogyakarta manawi dipun-jlentrehaken dumadosan saking tembung hayu, bagya saha karta. Tembung hayu tegesipun endah, tembung bagya ateges mulya, tembung karta tegesipun mukti. Sacara harfiah saged dipuntegesi Ngayogyakarta minangka panggenan ingkang endah, mulya saha mukti.

Warga masyarakat Kitha Ngayogyakarta ingkang kula gadhang-gadhang.

Minangka wujud syukur saha caos pakurmatan kagem para leluhur, sedaya warga masyarakat supados golong gilig nedahaken raos katresnanipun dhumateng Kitha Ngayogyakarta mawi cara ekspresi karya ingkang maneka warni saengga rerangken acara pengetan ambal warsa kaping 258 (kalih atus seket wolu) Kitha Ngayogyakarta ingkang kanthi tema “Pesta Rakyat Jogja” dados grengseng saha mumpangati. Pengetan ambal warsa menika kawiwitan saking Festival Seni ing 45 (sekawan dasa gangsal) kalurahan, masang lampion ing 13 (tigang welas) panggenan strategis sa-Kitha Ngayogyakarta, Pawai Pedagang Pasar ing Gebyar Pasar Tradisional Kitha Ngayogyakarta warsa 2014, Pameran Patung Jogja 258, Grebeg Mall, Panggung Rakyat Jogja, saha minangka gongipun, dinten menika tanggal 7 Oktober 2014 enjing, dipunwontenaken apel/upacara ing sedaya SKPD/Unit Kerja miwah sekolah-sekolah sa-Kitha Ngayogyakarta sarta ing mangke sonten badhe dipunwontenaken Pisowanan dhumateng Sri Sultan Hamengkubuwono X (kaping sedasa) saha kalajengaken kanthi Pawai Budaya.

Pamarentah Kitha Ngayogyakarta minangka pangemban amanah masyarakat, ugi tansah mbudi daya negesi saha ngginakaken istimewanipun Ngayogyakarta kanthi makarya saestu nginggilaken kinerja ngladosi masyarakat. Sadangunipun wekdal ing warsa 2013 (kalih ewu tiga welas - 2014 (kalih ewu sekawan welas) menika, maneka warni partisara sampun kagayuh saha dados cihna makarya ingkang golong gilig saiyeg saeka kapti, antawisipun Pamerentah Kitha Ngayogyakarta kaliyan warga masyarakat. Partisara-partisara kasebat, ing antawisipun inggih menika:

Ingkang angka setunggal, Partisara PARASAMYA PURNAKARYA NUGRAHA, Partisara menika kaparingaken dhateng Kitha Ngayogyakarta ingkang dipunbiji nggadhahi prestasi kinerja linangkung ing babagan lumampahing Pamarentah Dhaerah.

Angka kalih, Partisara Indonesia Digital Society Award (IDSA) 2014, IDSA menika papan partisara kangge kabupaten/kota saindenging Nuswantara ing babagan pangginaan saha pambangunan teknologi, informasi saha komunikasi ingkang ancas tujuanipun kangge nggambaraken, ngukur saha ngaosi kitha-kitha dalah kabupaten ing Indonesia nggepok senggol kaliyan siyap siyaganipun lumebet jaman digital.

 Angka tiga, partisara OPINI WTP, partisara menika minangka asilipun sedaya punggawa ingkang makarya kanthi saestu saha  kanthi jejeg tansah nindakaken proses akuntabilitas arta kanthi sae saengga Pamarentah Kitha Ngayogyakarta saged nggayuh malih WTP ingkang kaping gangsal.

Angka sekawan, partisara INDONESIA GREEN AWARDS (IGA) 2014, partisara menika kagayuh awit saking komitmen Kitha Ngayogyakarta anggenipun nata lingkungan, ing antawisipun kanthi program-program pandhapuking Jaripolah (Jejaring Pengelola Sampah), Peningkatan Kapasitas dan Akses Informasi Sumber Daya Lingkungan Hidup sarta pambudidayanipun RTH kanthi damel Taman Kota, Mengembangkan Kampung Hijau Perkotaan, sarta Pasar Sehat Tradisional.

Angka gangsal, partisara WAHANA TATA NUGRAHA, partisara ingkang dipun-gayuh ing warsa menika minangka Wahana Tata Nugraha Kategori Lalu Lintas, ingkang saderengipun, Kitha Ngayogyakarta pikantuk partisara ingkang sami ing Kategori Angkutan. Partisara warsa menika minangka cihna estu-estunipun Kitha Ngayogyakarta anggenipun nata kebaking arus lalu lintas.

Partisara-partisara kasebat minangka cihna estu-estunipun Pamarentah Kitha Ngayogyakarta anggenipun suka paladosan ingkang paling sae dhateng masyarakat, makarya patembayatan ingkang nyatunggal greget, ing antawisipun bilih sedaya SKPD, saha panyengkuyung sarta cancutipun ingkang aktif saking sedaya elemen masyarakat. Pramila saking menika, minangka Pimpinan ngladosi masyarakat Kitha Ngayogyakarta, Kula mahyakaken agenging panuwun ingkang tanpa pepindhan, saha paring aos dhateng sedaya SKPD, sedaya ewoning masyarakat ingkang sampun makarya sesarengan negesi saha ngginakaken istimewanipun Ngayogyakarta kanthi nyengkuyung ing sadaya program pambangunan.

Kula ngajak dhateng sedaya komponen masyarakat kangge nginggilaken mandhireng pribadi, dhisiplin, peduli saha sesarengan nglantaraken Kitha Ngayogyakarta dados kitha ingkang aman, nyaman, tentrem, berbudaya dalah berkarater sarta kuwawi nyukani kamukten dhateng sedaya warga saha ing akiripun, saged nyukani iguh pratikel kangge majengipun bangsa saha NKRI. Menika minangka nilai hakiki makarya kathi estu-estu ingkang kedah kita gayuh sesarengan.

Mugi-mugi Allah SWT paring kakiyatan dalah pitedah tumrap kita sedaya supados kita tansah saged makarya tuwin mbangun Kitha Ngayogyakarta ingkang kita tresnani sesarengan. Istimewa warganipun, sami kaliyan kithanipun ingkang istimewa.

Dirgahayu Kitha Ngayogyakarta.

Salam Jogja Istimewa kagem Indonesia.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

 

WALIKOTA YOGYAKARTA

H. HARYADI SUYUTI